Saturday, 18 October 2014

Cerkak Lucu

KETIBAN
DENING:ALAN IRFANSYAH
Ing saliyane dina, neng kontruksi bangunan  kang duwure 125 lantai.Ana wong sing neng duwur (109 lantai) wonge dadi tukang, kang jenenge Paijo, lan ana sing neng ngisor dadi laden utowo sing jikuki semen  lan liya – liyanne wonge, kuwi jenenge Paisu.Paijo bingung piya carane supayane Paisu jikukke semen.

“ Duh, piye carane men wong sing ning ngisorku ngiremke semen  ning duwur”Paijo bingung karo kukur sirah.
“Duh piye yo?”Paijo iseh bingung.
“Oo iyo coba tak jeluk”mikir sak jam lagi duwe ide.
“Nek ra salah wong sing ning ngisor jenenge Paisu,coba tak jeluk sing  sing seru”le mikir.
“Su....Su...Su”le ngomong seru banget.
“Oo kae ngomongane ra bener wong kurang genep kae” lengece Paisu (disambi ngudak-udak semen).
“Po kurang seru yo”pikire Paijo.
“Su...Su...Su”le ngomong seru banget ngasi otote metu.
“Woo pancen wong kurang sak ons ngomong  saru malah diserukke”le batin Paisu ro guya guyu lan ora nguwaske ngendi-ngendi.
“We lah dalah tak celuk  ra mengo-mengo menduwur  malah guya–guyu dewe koyo wong neng pakem (RSJ)”bathine Paijo.
“Piye yo tak celuki kok ra mengo-mengo,opo kurang seru?tak celuke meneh” Paijo rupane bingung.
“Su...Su...Su...!”le jeluk Paijo seru banget nganti swarane gerok.
“Sopo yo le ngomong ra genah,seru,koyo ra duwe doso”bathine Paisu.

Paisu sing dijeluk Paijo ping telu ra mengo menduwur. Reti-reti kancane paijo sing jenenge Tono teko.

“Ngopo je kowe bengak-bengok koyo wong ra duwe aturan?”Tono tekon alus-alus
“Lha kae Paisu sing ngudak-udak semen tak jeluki ra mengo neng duwur malah guya-guyu”jawabe Paijo karo jengkel.
“Tak kandani yo, mending nganggo cara sing luwih pinter !”Tono ngandani alus-alus.
“Yo, opo tak tibani go duwet klitik yo,kan nak duwit klitik keno sirahe Paisu mesti wonge mengko ndangak”pikire Paijo.
“Gene kowe pinter”Tono muji Paijo sing pinter.
“Lha iyo no aku ki lulusan S2”Jawabe paijo sing pede banget.
“S2 kui opo?”Tono tekon ro rodo guyu.
“S2 kui lulusan SD,SMP”jawabe Paijo ro guyu.
“Ayo gek di tibani duwit klitik,malah ngomongke sing ra penting”Tono ngendekke omong-omongan sing ora penting.
“Oo iyo malah lali”le jawab Paijo.
“Wah nendi yo, duwit ku yo, tak golekane ning dompet”Paijo karo goleki ning dompet.
“Lha iki duwit klitikku”karo nyekel  duwit mangatusan 1.
“Nyo tak tibani”karo ndelok ngisor.
“Klinting(swarane duwit klitik sing nibani sirahe Paisu) ,opo iki yo?”lengomong Paisu karo kaget.
“Ee duwit 500, lumayan go tambah-tambah tuku rokok sak lencer iso nglepus ki”Paisu seneng ro guya guyu.
“We,we,we malah guya guyu kei duwit malah ra nguwaske duwur”Paijo tambah mangkel
“Piye Ton,ra mengo iki?”Paijo tekon ro Tono.
“Coba tok kei duit klitik sing akeh ”Jawabe Tono.
“Piro?”tekon ro Tono meneh.
“Yo sing akeh minimal 20(rongpuluh ) biji!”le ngongkon Tono.
“Duwe tak tibanane yo”karo nginceng.
“Klinting,klinting,klinting,opo iki?” Paisu kaget banget,(ro jikuki duwite mau)”
“Wah, nek iki  iso go tuku udut sebungkus, marem nan” Paisu ngomong dewe
“Piye Ton Paisu tetep ra mengo menduwur?”Paijo tekon ro Tono.
“ Tibani krikil wae”Tono le nyauri sante.
“Yo,lha  krikiel akeh ki, arep tibani piro,Ton?”Paijo tekon meneh.
“Siji wae mengko wis mengo menduwur”le ngangkon Tono .
“Nyo tak tibani krikil”karo nguwaske ngisor.
“Tak(munine krikil sing nibani sirahe Paisu),wow koe to Jo,ngopo nibani aku krikil”tekon ro Paijo karo rodo nesu titik.
“Lha kowe tak jeluki ,tak tibani duwit malah guya-guyu koyo wong kurang obat,saiki kirimke aku semen lewat katrol sing neng kono!”karo nesu titik.
“Nyo tak kirimi semen Jo”semaure Paisu karo narik katrol.
“Nuwun yo Su”lengomong lembut banget.
“Kok Su je le njeluk mbok sing lengkap P-A PA-I PAI S-U SU dadine Paisu yo!”karo guyu.
“Brarti sing sa su sa su kowe yo?’’Paisu rodo bingung.
“Ho’o , seru to “karo guyu.
“Seru mbahmu ngomong ra bener malah malah di seru-seruke”karo ngeyel.
“Ha...ha...ha,yo nyuwun ngapunten aku, lha aku otomatis ngomong su je,sorry yo”le ngapuro ru guya guyu.
“Yo anggere tibani aku duwit klitik meneh”ngangkon Paijo.
“Yo merem sek”Paijo ngangkon Paisu merem.
“Yo tak merem”Paisu manut marang perintahe Paijo.
“Siap yo,nyo tak tibani krikil wae”Bhatin,karo mringis.
“Tak(keno sirahe Paisu),malah nibani krikil,yo wis ra popo. Sik yo tak nandangi gawean meneh yo” lengomong Paisu.
“Yo”semaure Paijo seru banget.

“Piye Jo wis iso to?”Tono tekon marang Paijo.
“Ho’o wis iso,matur suwun yo Ton”le ngomong alus.
“Yo,podo-podo.Sik yo aku tak nandangi gawean sik yo”semaure Tono.
“Yo”lenjawab tenanan.


Akhire Paijo iso nandhangi gawean meneh, lan Paijo ngerti nek menungsa nek diwenehi rezeki ora nyukuri malah lali buktine :Paisu tibani  duwet ora nguwaske duwur(Gusti Allah)  malah seneng-senengan,lan menungso kuwi nek dikeki/ditibani musibah cilik sak krikil langsung nguwaske nduwur buktine Paisu sing ditibai krikil ro Paijo  langsung sambat nguwaske nduwur.